Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan
Duh bolo konco prio wanito
Ojo mung ngaji syaringat bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro
Akeh kang apal qur'an haditse
Seneng ngaferke marang liyane
Kafire dewe dak digatekke
Yen iseh kotor ati akale
Ayo sedulur,jo nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhite
Baguse sangu mulyo matine
Kang aran sholeh bagus atine
kerono mapan sari ngelmune
Laku toreqot lan ma'rifate
Ugo hakekat manjing rasane
Al-qur'an kodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito
den tancepake eng njero dodo
Kelawan Alloh kang moho suci
Butuh rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir marang pangeran
Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo ruku ojo nasiro
Iku sunahe Rosul minulyo
Nabi muhammad panutan kito
ayo nglakoni sekabehane
Alloh kang balkal ngangkat drajate
Senajan ashor toto dhohore
Ananging mulyo maqom drajate
Lamon palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh suwargo manggone
Utuh mayite ugo ulese
Tidak ada komentar:
Posting Komentar